Resep Tahu Gejrot Cirebon


Tahu Gejrot kuwe panganan sing cara gawe'e gampang pisan. kula ngerekomdasiaken tempat kang ngejual tahu gejrot daerah cirebon timur tepatnya ning desa mertapada wetan adepan pasar ciweru samping potong rambut yudi (Arah ke desa kendal), cukup Rp.3000,- dijamin puas lan mantap... balik maning ning tema tentang "resep Tahu gejrot cirebon"

Bahan-Bahan :

Tahu gembos (semacem kaya tahu sumedang)
Gula abang (gula jawa)
Bawang abang (brambang)
Sabrang jepun (cabe rawit)
Banyu mateng

Cara Gawe Mengkenen:
Pertama-tama tahu digoreng secukupe sekalian nganggo batur sedulure. Terus bumbue: gula abang dicampur karo banyu secukupe dilebokaken ning jero gendul. Terus gendule ditutup karo gabus kang dibolongi diubungaken karo sedotan cilik supaya bisa metu banyue.

Cara Ngidangakene :
Tahu goreng diiris-iris. Yen uwis, jukuten bawang abang secukupe, aja akeh-akeh. Terus digerus karo ulegan kayo atawa watu sampe ancur. Tambaen sabrang jepun, sing doyan pedes, ya mangga bae sing akeh. Gerus maning dadi siji. Baka uwis, kecroten banyu gula abang mau. Campuraken karo tahu sing wis diiris-iris ika. Sekien siap dipangan karo sedulur batur. Sendoke supaya asyik lan santai gaween nganggo biting didaro ning piring lempung (coet cilik). Sedurunge, tahu kudu dicelup-celup nang kuah-e. Mangane tahu aja dicekel karo jari, kulit tahune kuwi mambu. Mambune isa nempel nang jari, ora ilang-ilang mambune, jeh! Wah..., enak pisan ikuh. Murah, enak, sedep. Kaya-kayae, mertua lewat pasti kepengen melu nyicipi.

temen rumah gw pernah nulis status gini : "di jakarta tahu gejrot ga ada yang enak, yang enak cuma di cirebon"

Trending

Pages

info

Search This Blog

OUR PICKS

info

Most Recent Post

ads